Resensi Serat
Resensi
Serat Pedhalangan Lampahan

Identitas Buku
Irah irahan : Serat Pedhalangan Lampahan Kresna
Duta
Panganggit : Ki Purwadi
Panerbit : CV.Cenderawasih Sukoharjo-Surakarta
Taun Terbit : Edisi Revisi 2010
Cacahing Kaca : 170 kaca + Sampul
Ukuran : 15 X 21 cm
Bobot : 200 gram
Regi : Rp 25.000
Werni Sampul : Nila
Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta ingkang dipun serat dening Bapak Purwadi menika wosipun kaperang wonten ing bagian bagian utawi bab, ingkang kaping
sepisan menika Pratelan ingkang wosipun ngenani medalipun ringgit kanthi dipun
iringi gendhing. Kaping kalih wonten Jantura Jejer Nagari Wiratha menika
nyariosaken nagari Wiratha ingkang kondhang kaloka, kang jembar wilayah e,
wonten bab menika ugi nyariosaken ngenani Prabu Matswapati ingkang adil
wicaksana, saha perduli rakyat wonten ugi suluk Pathet Nem Ageng lajeng Ada ada
Girisa, wonten ugi wincantenan antawisipun Praby Matsawapati, Drupada saha para
Pandawa ngenani pamilihing duta kaping tiga kagem ngentos Drupada ingkang
sampun ngayahi daddos duta kaping kalih. Lajeng prekawis ngenani pamilihing
duta kaping tiga diun rembag sareng sareng saengga Kresna ingkang kapilih dados
Duta Kaping Tiga saha sanes sanesipun.
Prabu Kresna minangka duta saking pandawa
kagem nyuwun utawi mendet malih Negara
Ngastina saha Ngamarta ingkang sampun dados hak ipun para Pandawa lajeng
tindak kanthi dipun kawal dening Setyaki. Prabu Kresna ugi dipun dherekaken dening
BataraNarada, Batara Janaka, Batara
Ramaparasu saha Batara Kanwa. Sasampunipun dumugo wonten ing Ngastina
lajeng Prabu Kresna saha para Kurawa sami rerembagan babagan hakiipun para
Pandawa, ananging rerembagan menika gagal amargi Adipati Karna sampun kasil anggenipun
ngerayu utawi manas manasi Prabu Duryudana supados perang kemawon amargi perang
menika langkung ketingal langkung kaajeni tinimbang rerembagan. Patih sengkuni
ugi manas manasi supados ngginakaken cara perang kemawon. Amargi rerembagan
menika boten saged dipun tampi Paman sengkuni lajeng maringi komando supados
para Kurawa sami ngruyuk Prabu Kresna amargi kaget saha mangkel lajeng Prabu
Kresna malih ujud dados Brahala utawi raseksa ingkang sanget ageng.
Brahala menika ageng sanget saengga istana
Ngastina langsung risak. Prabu Destrarastra ingkang wuta saha Dewi Gendari
netranipun dipun tutup boten mangertos menawi istana menika ambruk saengga
boten sami mlayu,saengga karutuhan tembok, wonten ing swasana ingkang mekaten
menika para Kurawa sami mlayu mlayu ngalor ngidul boten sadhar menawi Rama
kaliyan ibunipun sampun seda amargi dipun idak dening para kurawa menika.
Wonten ing lakon menika ugi wonten
peperangan antawisipun Sentyaki kaliyan Burisrawa ananging dipun endheg
dening Prabu Kresna.
Kalangkungan saha
Kirangipun
-
Coveripun menika sae wonten gambar
ringgitipun, werninipun ugi sae wonten ugi hiasanipun ananging kertas coveripun
menika kirang sae amargi namung tipis
- Ing dalemipun buku menika ugi wonten gambaripun
ringgit wonten suluk jangkep kaliyan cakepan saha notasinipun ananging kertas
ingkang dipun ginakaken namung kertas buram.
- Basanipun sae ananging ngginaken
pralambang saengga radi susah dipun pahami. Tuladhanipun “ Negara ingkang gede
obore, padhang jagade, dhuwur kukuse....”
- Bukunipun sae kathah ngelmu ingkang
saged dipun tuladhani saking sipatipun Prabu Kresna saha Para Padawa ananging
buku menika reginipun ing web kaliyan Toko menika radi kathah kacekipun wonten
web menika 17 ewu ananging ing toko menika sampun 25 ewu.
Saran
1.
Menawi maos buku menika menawi saged
kaliyan betha bausastra supados saged langsung madosi tegesipun.
2.
Kedah kathah buku wacan supados kosakataipun
langkung kathah malih.
Komentar
Posting Komentar