Kandane
Semut
Dening:
Sri Lestari
Banyu kang niba saka pinggiring netra
Tumetes nelesi buku
Mripat kang putih iku malih,
Dadi abang
Bingung kesel nesu penyebabe
Ditambah sepine wengi
Petenging mega tanpa lintang
Angin kang sembribit lewat jendela
Nora bisa ngadhemke ati
Nanging gawe adheming awak iki
Udan uga ora gelem ngalah
Nelesi gegodhongan kang jejogetan
Semut semut nunut ngeyup
Ngandakake yen aku kui ngantuk
Komentar
Posting Komentar