Purwakanthi Purwakanthi inggih menika ambalipun swantun utawi tembung wonten ing salebetipun ukara, ingkang gadhahi fungsi supados ukara menika langkung endah. Purwakanthi meneika kaperang dados tiga inggih menika: 1. Purwakanthi Guru Swara utawi asonansi inggih menika ambalipun swanten vokal ing satunggaling ukara utawi gatra wonten ing tembang, tuladhanipun: Ø Ana awan, ana pangan(vokal a) Ø Adigang, adigung, adiguna(vokal i) Ø Desa mawa cara, negara mawa tata(vokal a) 2. Purwakanthi Guru Sastra utawi aliterasi inggih menika ambaling swanten konsonan ing satunggaling ukara utawi gatra wonten ing tembang. Tuladhanipun: Ø Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling(konsonan k) Ø L aras, l urus, leres, l aris (konsonan l) Ø Bobot, bib...
Tulusing Katrenan Mripat sing suwene suwe kabur Ringkih e awak sing saya katon Klika kang wus tipis Rikma kang wis putih Seksi bisu sayang e ibumu Tangis e wanci wengi Merga sira, merga mikirna bagyamu Esem kang tulus, guyu kang ditututi tangis bagya Uga kanggo sira, tanpa bales tanpa wales Merga bagyamu bagyane ibumu
Kandane Semut Dening: Sri Lestari Banyu kang niba saka pinggiring netra Tumetes nelesi buku Mripat kang putih iku malih, Dadi abang Bingung kesel nesu penyebabe Ditambah sepine wengi Petenging mega tanpa lintang Angin kang sembribit lewat jendela Nora bisa ngadhemke ati Nanging gawe adheming awak iki Udan uga ora gelem ngalah Nelesi gegodhongan kang jejogetan Semut semut nunut ngeyup Ngandakake yen aku kui ngantuk
Komentar
Posting Komentar