Panjang Ilang


Ing dusun kula, Gading Giritirto Purwosari Gunungkidul menawi badhe wonten adicara, tuladhanipun mantenan, among among saha kirim,kirim menika upacara khusus kegem tiyang ingkang sampun tilar donya, menika wonten upacara ingkang dipun sebat munjungi, upacara munjungi menika dipun adani saderengipun upacara inti, ing upacara munjungi menika wonten alat ingkang dipun wastani panjang ilang ananging asring dipun sebat ancak. Ancak utawi panjang ilang menika alat ingkang dipun damel saking irat iratan pring cacah 20 lajeng dipun nam, ngantos wujudipun kotak utawi persagi wonten ugi ingkang  ing  pinggiripun dipun paringi papah gedhang supados langkung rapi maleh.
Ancak menika lajeng dipun paringi sajen ingkang awujud sekul, jenang baru baru, jenang katul, gudeg, pindang, ketan, lemper, sambel goreng, apem, mi, kinang, linthingan, kolak, saha arta. Panjang ilang utawi ancak ingkang sampun dipun isi sajen menika lajeng dipun srahke utawi dongani kaliyan mbah antek utawi mbah kyai, sasampunipun dipun dongani betha dening para pemudha tumuju dhateng lepen, lepenipin wonten 5, ingkang pokok menika Kali Tengah ing Kali Tengah menika, wonten 2 papan inggih menika Sor Lo saha Kali Tengah menika piyambak, lajeng Murgedhe utawi Sumur Gedhe, Sumur Gading saha ingkang pungkasan Tlogo Klumpit.

Sakderengipun sajen menika dumugi lepen sampun wonten lare lare alit ingkang nengga sajen menika, amargi badhe mundhut punapa ingkang dipun remeneni, saksampunipun para pemudha menika nilaraken lepen, lare lare alit menika lajeng sami playon rebutan sajen menika, wonten ingkang mendhet apem wonten ingkang medhet lemper saha sanes sanesipun, biasanipun ingkang dipun tilar utawi sisakaken menika jenang, mi, linthingan saha kinang amargi boten wonten ingkang kersa. Menawi boten memeng lare lare menika lajeng mlampah malih tumuju lepen sanesipun, lare lare menika katon remen sanget, ananging sakmenika sampin boten kathah lare ingkang pados sajen malih.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan