Nuladhani Sifatipun Raden Abimanyu
Hasil gambar untuk wayang abimanyu
Abimanyu menika putra saking Arjuna saha Subadra, dasanamanipun Abimanyu inggih menika Angkawijaya, Jaya Murcita, Jaka Pengalasan, Partasuta, Kirityatmaja, Sumbadraatmaja, Wanudara lan Wirabatana.

Sifatipun alus, sae tindak lampahipun,tanggel jawab, teges, saha boten ajrih. Saking sifatipun Raden Abimanyu menika minangka manungsa ingkang gesangipun sesandingan kaliyan sedaya makluk ingkang dipun titahaken Gusti kita kedah saged nuladhani sipatipun menika:

·       Ingkang sepisan alus menawi matur, ampun ngantos matur ingkang kasar mliginipun kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh.
·         Kaping kalih sae tindak tandukipun.
·         Kaping tiga tanggel jawab kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken.
·         Kaping sekawan teges, teges menika boten namung kagem tiyang sanes ananging ugi kagem diri kita piyambak,

·        Kaping gangsal saha kedah boten ajrih utawi wantun. Wantun menika inggih menika wantun nyuwun ngapura menawi salah, wantun ngakoni kesalahan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan