Makna Tembang Dolanan Dondong Apa Salak




Dondong apa salak
Dhuku cilik cilik
Ngandhong apa becak
Mlaku thimlik thimlik


Wonten tembang dolanan menika kathah pitutur saha piwulang ingkang saged dipun angge saben dinten, tuladhanipun :
Ø  Tiyang menika maneka warna wonten ingkang njawinipun ketinggal sae  ananging  sipatipu boten sae kados dene dondong kang alus jabane ananging kasar njerone.
Ø  Wonten ugi ingkang kados salak, njawinipun kasar utawi ketinggal boten sae ananging sipatipun sae. Menawi saged menika kados dhuku ingkang sae njawi saha lebetipun.
Dados tegesipun kita boten pareng paring pamanggih ngenani sipatipun satunggaling tiyang namung adhedhasar fisikipun.
Ø  Andhong menika salah satunggaling kendaraan ingkang dipun ginakaken kagem sarana transportasi ingkang ngginakaken jaran kagem sarana penarikipun.
Ø  Becak ugi sarana transportasi ingkang saged dipun angge menawi dipun pedhal menika mbetahaken tenaga manungsa.

Tegesipun sanadyan mlaku thimlik thimlik kita kedah saged mandiri ampun ngantos damel repot utawi rekaosipun tiyang utawi makhluk sanes, wonten tembang menika ngginakaken pralambang andhong ingkang dipun tarik jaran, saha kagambar ngginakaken pralambang becak ingkang betahaken tenaganipun manungsa supados saged mlampah padahal narik becak saha andhong menika boten gampil.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan