Gladhen Nyerat Resensi
Resensi
Buku Jawa
Identitas Buku
Irah-irahan : Babad Tanah Jawa (Kisah Kraton Blambangan-
Pajang)
Panganggit : Wiryapanitra
Panerbit : Dahara Prize Jl. Dorang 7 Phone 23518 Semarang
Cithakan : Kaping 1,1991
Cacahing Kaca : 263 +
Sampul
Werni sampul : Nila
Ringkesan Buku
Wonten
ing buku punika nyariyosaken ngenani miyosipun kerajaan Majapahit dumugi
miyosipun kerajaan Demak Saha Pajang. Dipun wiwiti saking cariyos wontenipun
wabah penyakit ing Blambangan dumugi cariyos kerajaan Mataram saha Pajang
ingkang tansah rukun. Wonten buku punika ugi nyariyosaken silsilah raja raja
ing Jawa, saha cariyos pripun caranipun para wali anggenipun sami nyebaraken
islam. Cariyosipun antawisipun syeh maulana iskak ingkang dipun suwuni tulung
supados ngobati Dewi Kasiyan ingkang saweg gerah,Syeh Maulana Iskak kersa
kanthi syarat Dewi kedah ngrasuk agami islam, wonten ugi cariyosipun Sunan Giri
ingkang sanget dipun kurmati dening rakyat ing Patukangan, wonten ugi cariyos
Sunan Giri saha Sunan Benang ingkang sami jelungan ing wana saha cariyos
anggenipun sunan benang lan Giri sami sami tindak dateng Mekah saperlu ngangsu kawruh,
cariyos ngenani utusan majapahit inglang dipun utus supados mejahi Sunan giri, wonten
cariyos ngenani Jaka Tarub ingkang nandang duga amargi dipun tilar garwanipun,cariyos
Jaka Tingkir ingkang saged mejahi kebo ingkang ngamuk, cariyos ki ageng Sela
ingkang sageg nyepeng thathit,cariyos Sunan Kalijaga ingkang rumiyin dados
rampok kagem mbiyantu pekir miskin, cariyos Syeh Siti Jenar ingkang nganggep
piyambakipun Gusti Allah saengga boten kersa dipun timbali deneng Sunan Kudus
amargi ngraos paling sekti, wonten cariyos para wali ingkang sami mbangun masjid
ing Demak, wonten cariyos ngenani peti ingkang saged medalaken tikus satus
nalika peti dipun bika sepisan, menawi dipun bikak malih medal malih satus, saha
cariyos sanesipipun.
Kalangkungan saha
Kirangipun Buku
- Buku menika ngemot kathah sanget cariyos
ananging anggenipun mbabar cariyos boten urut saengga ,menawi maos menika kedah
alon alon saha telaten
- Buku menika dipun serat ngginakaken
kalih basa inggih menika basa jawi saha basa indonesia ananging menawi badhe
maos menika saenipun dipun waos setunggal basa kemawon supados boten bingung
amargi seratanipun ngandhap inggil.
- Basa Indonesia wonten ing buku menika
sejatosipun sanget mbiyantu kanca kanca ingkang boten saged basa jawi utawi
ingkang dereng mangertos tegesipun ananging wonten basa ingkang dereng trep.
- Desain coveripun sae ananging amargi
sampun dangu buku ingkang kula waos sampun radi rusak coveripun ugi sampun
boten cetha gambaripun.
- Buku menika saged dipun dadosaken buku
wacan amargi kathah cariyos ingkang sae ananging wonten buku menika cariyosipun
namung dipun babar kanthi ringkes.
Komentar
Posting Komentar