Cerita Cekak (Cerkak)



Dadi Golekan

Ibarat kidang kang dioyak pemburu, anggonku mlayu semperatan wedi ndak kecekel, ananging bukanne nangis aku malah ngguya ngguyu sakdawane aku mlayu, mlayu ngalor mlayu ngidul mubeng mubeng, annger arep didemek langsung ngindari,
“ ayo Wi kok nguyak whe raiso” kandane kancaku karo ngguyu
“ ayo Wi sing banter sing mlayu” kandaku karo mlayu nyamping
“ Rene wae Wi, iki lho aku mandeg“ kandane kancaku sing liyane
Ngerasa ditantang Dewi langsung mlayu sak bantere, nguyak Nani ananging ra kecekel, banjur ngoyak liyane,
“kesel aku cah ngoyak kowe kowe kabeh, wis ah kesel” kandane kancaku sing jaga, karo menggeh menggeh ananging tetep mlayu rindhik. Ananging ujug ujug Dewi mlayu ning arahku, reti kedaden kui aku uga langsung mlayu sak isaku, mlayu tanpa ndelok ke dalan, sing penting aku aja nganti kecekel ora ngerti yen ning ngarepku kui ono jenglongan
“ aduh ” ujarku karo nyekeli boyok sing lara merga kena watu nanging mripatku iseh kriyip kriyip durung melek, oh alah mung ngimpi to, ujarku meneh rasadar aku banjur turu meneh.
“ Nduk, kono adhine digugah, segane wis mateng, mesakke mau wis katon ngelih bali saka sekolah”
“Nggih Bu”
“ Bu adhik boten wonten kamar”
“ Lho, bukanne mau iseh turu yo”
“ inggih bu ananing boten wonten”
“ banjur ngandi adhimu nduk kok ra ono, opo ning kamar mandi? jal digoleki ndisek!”
“nggih Bu”
“ Bu wonten kamar mandi nggih boten wonten”
“ apa wis dolan nduk”
“dereng Bu wau sanjange menawi maem e sampun mateng nyuwun dipun gugah”
Mubeng mubeng mbak ku nggolek i Aku, karo celak celuk, mlebu metu omah, Ibu uga mekaten, lajeng mlebet kamar celuk celuk
“ Mi awakmu ning ndi nduk. Ayo maem segane wis mateng” Ngendikanipun Ibu
Karo kriyip kriyip aku mangsuli “ inggih Bu sekedhap” aku banjur tangi ananging jeduk
“Aduuhhh” karo ngelus bathuk aku lagi sadar yen aku ono ing ngisor amben
Mirineng swara saking ngandhap amben Ibu lajeng ndodok “aduh alah Nduk, kok yo iso awakmu kui ning isor amben, kene kene” ngendikane Ibu kaliyan nyepengi tangan kula, mbak Rani uga langsung mlebu kamar, ngerti aku ana ngisor amben mbak ku langsung ngguyu kemekelen, “ Dek isa isane kowe ki ning kono, angkuhmu piye, kene kene ndang metu”
Aku banjur metu saka isor amben, karo mringgis lan ngeling eling apa wae kedadeanne mau, aku uga banjur ngguyu dhewe, eling apa sing mau kedadean. Aku banjur crita marang Ibu lan mbak Rani, krungu critaku mbak Rani ngguyu meneh, Ibu namung mesem saha geleng geleng.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Geguritan