pengalaman pribadi
Cerita Pengalaman Pribadi Jaman semono aku iseh kelas 4 SD, saben sore yen mangsa rendeng aku adhiku lan kancaku saben bali saka sekolah mesthi menyang tlogo golek urang. Dina iku kepasan aku sakanca ora ana les dadi iso mulih gasik. Ning dalan Darus “ngomong engko golek urang yo karo mincing” aku, adhiku,Dini lan Aldi pada manthuk manthuk tanda setuju. Tekan ngomah aku karo adhiku madang samba nyepakake alat alat sing kudu digawa kayata pancing, besek, tali rapia, ember, lan sega dingo pakan urang. Rampung nyepakake alat aku karo adhiku ngampiri Dini lan Darus merga bocah loro kui kakang adhi omahe uga mung keletan rong omah saka omahku, banjur lagi ngampiri Aldi. Aku sakanca banjur menyang tlogo bareng bareng. Tekan tlogo adhiku saha Darus lan Aldi golek cacing, aku lan Dini kebagian pasang alat dingo jaring urang. Pisanan besek sing takgawa mau tak pasangi rapia dawa, banjur ning tengah e tak nei sega sing dingo umpan lan watu supaya besek mau iso klelep, sakwise kui b...